Lirik Sasya Arkhisna - Stasiun Weleri




Kok tego ngelarani
Nganti langit melu nangisi
Grimis ngriwis dino iki
Ngancani ati sing rung iso tangi

Tanggal siji wulan mei
Mbien ning stasiun weleri
Ngelus pipimu terakhir kali
Karo janji bakal bali

Jebul jawabane iki Kabarku rak di balesi
Sing tak khawatirke kedadi sepimu ono sing ngancani

Reff :

Mergo sing dadi lintang wis ilang
Dalane tresno rasido padang
Pamitku mbien karo tangisan
Niat bali nyambung katresnan

Foto kenangan durung ilang
Tondo tresno wedi kelangan
Nanging raiso ngomong opo-opo
Keputusanmu tak trimo

Gambaran crito sing wis ketoto
Nanging rak tamat gawe gelo

Post a Comment for "Lirik Sasya Arkhisna - Stasiun Weleri"