Lirik Lagu Niken Salindry - Ayang Ayang Feat Surepman




Peteng rasaning ati kang nandang
Sengiting liyan hanyawang
Aku koe labuh katresnan

Nimas wong ayu , tak jaluk ojo
Seleh katresnan pancene
Tresno kui akeh pacoban

Arep tumeko ngendi katresnan iki
Yen to aku , sliramu ra di akoni

Senadyan donya ra biso nompo 
Bakal tak jogo yen durung
Kapisah mring kang kuoso

Kangmas koe sing tak sayang 
Ra lilo aku kudu kelangan

Nimas mustikaning ati dongaku siji
Tresno iki abadi

Duh dewo dewaning asmoro 
Kuatno ati kawulo
Anggonku lelabuh tresno 
Datan kendat saking cobo

Tak rewangi tak pateni
Lahire tresno kang suci 
Kasunyatan yen to aku 
Sliramu isih nyawiji

Post a Comment for "Lirik Lagu Niken Salindry - Ayang Ayang Feat Surepman"